"Contoh Teks Drama Lucu Bahasa Jawa"
ASSALAMUALAIKUM WR WB
Hi Kawan... Di sini akan saya share tentang contoh teks
drama bahasa jawa. Yang semoga bisa bermanfaat untuk anda semua. Ini adalah
contoh dari teks drama tersebut. Langsung saja, ini dia :
Ing sawijineng wektu ing desa terpencil. Wonten sawijineng
keluarga. Ing sawijineng dinten ing keluarga iku.
Very : Pak, aku ki wis waleh urip koyo ngene ki.
Bapak : Terus aku kudu piye?
Very : Aku ki jane yowes
pengen tuku HP. Konco konco kabeh yowes podo nduwe HP. Karo koncoku ki aku di
kiro ketinggalan jaman.
Bapak : Kowe ki lo le,
kanggo mangan ae lo awak e dewe wes susah, la kok sampeyan tambahi susah. Lek
pengen HP ki mbok yo usaha to le... eleng, usaha...
Ibu : Ono opo to iki
pak, kok gembredek wae?
Bapak : Takok ono anakmu
sing ngganteng dewe kuwi!
Ibu : Emange ono opo
to iki le ?
Very : Sak jane ki aku
wes isin lho bu, mosok aku gak nduwe HP dewe? Konco konco iki wis podo nduwe
lho bu.
Ibu : Iyo le... aku
ngerti perasaanmu kui. Insyaallah lek wes enek duwet gek tak usahakke.
Bapak : Gek usaha opo to
bu.. bu....
Ibu : Wis, gak usah
omong.
Ing sawijineng dinten, ibune Very wes entok duwet.
Ibu : Ver..Very. Reneo
le, tak omongi !
Very : Ono opo to bu ?
Ibu : Iki enek kabar
apik le. Ibuk iki yo wes entok rejeki, sampeyan sido njalok HP po ogak ?
Very : Yo jelase to bu,
yo sido no.
Ibu : Lets go... ayo
budal.
Ing sawijineng wektu wis teko bakol HP
Bakol : Sugeng enjing bu,
enten sing biso kulo bantu ?
Ibu : Enten, niki lho
mas, anak kulo badhe pados HP nopo enten ?
Bakol : Niki, wonten
kuatah... pilih sing pundi... tinggal pilih !
Very : Wah... pilih sing
endi iki... kok akeh banget piliane... dadi bingung aku... kabeh apik ee...
Ibu : ( mbisik’i
lirih-lirih ) Ojo larang larang ver !
Very : ( mbales lirih
lrih ) Nopo to bu ?
Bakol : Pripon mas, pilih
sing pundi.... tinggal pilih...
Very : Pilih sing pundi
yo... Sing iki mawon e wes... Regane pinten ?
Bakol : Oh niku... Murah, namung 300 000 ae.
Ibu : ( mbisik’i lirih lirih ) Ojo sing kui Ver. Larang iku.
Very : ( Mbales lirih
lirih ) Lha kabeh regane ki tingkate yo semene iki lo bu... lha sampeyan
nggowone duit piro to bu ?
Ibu : ( Mbales lirih lirih ) Aku mau nggowonw
duit amung 150 000 lo Ver.
Very : ( Mbales lirih
lirih ) Lha sampeyan pripon to bu ? Mosok kadung teko kene ora sido tuku HP !
Ibu : ( Mbales lirih
lirih ) Yo sepurane to Ver, Tak kiro ki rego HP ora sampek semene iki. Ibu yo
nyuwun sepuro.. yo Ver !
Very : ( Mbales lirih
lirih ) Yowes ora po po bu... Moro rene sok eneh ae, lek wes nduwe duet.
Ibu : ( Lirih ) Yowes
le.. Sepurane yo...
Very : ( Lirih ) yowes,
ora po po.
Bakol : Pripon mas,
niki... sido nopo mboten ?
Very : Gak sido e mas..
Bakol : Ono opo to mas ?
HP ne elek ye mas ? niki pilihan yo jek akeh !
Very : Yo gak ngono mas,
aku ki mau rene gor nggowo duwet 150 000. Dadi duwite kurang. Sepurane yo mas. Aku
gak sido tuku sek.
Bakol : Yo wes... ora po
po...
Very : Suwun yo mas...
Bakol : Oke...
Ibu : Sepurane yo Ver
?
Very : Wes to, ora po po.
Akhire Very muleh karo mangkel. Amargo awak e gak sido entok HP.
Sekian dari saya, semoga drama bahasa jawa di atas bisa bermanfaat
bagi anda semua. Semoga juga dapat menjadi tuntunan. Akhir kata saya ucapkan
terimakasih.
WASSALAMUALAIKUM WR WB