Thursday, 11 February 2016

Contoh teks drama lucu bahasa jawa

"Contoh Teks Drama Lucu Bahasa Jawa"




ASSALAMUALAIKUM WR WB

Hi Kawan... Di sini akan saya share tentang contoh teks drama bahasa jawa. Yang semoga bisa bermanfaat untuk anda semua. Ini adalah contoh dari teks drama tersebut. Langsung saja, ini dia :

Ing sawijineng wektu ing desa terpencil. Wonten sawijineng keluarga. Ing sawijineng dinten ing keluarga iku.

Very         : Pak, aku ki wis waleh urip koyo ngene ki.
Bapak       : Terus aku kudu piye?
Very         : Aku ki jane yowes pengen tuku HP. Konco konco kabeh yowes podo nduwe HP. Karo koncoku ki aku di kiro ketinggalan jaman.
Bapak       : Kowe ki lo le, kanggo mangan ae lo awak e dewe wes susah, la kok sampeyan tambahi susah. Lek pengen HP ki mbok yo usaha to le... eleng, usaha...
Ibu            : Ono opo to iki pak, kok gembredek wae?
Bapak       : Takok ono anakmu sing ngganteng dewe kuwi!
Ibu            : Emange ono opo to iki le ?
Very         : Sak jane ki aku wes isin lho bu, mosok aku gak nduwe HP dewe? Konco konco iki wis podo nduwe lho bu.
Ibu            : Iyo le... aku ngerti perasaanmu kui. Insyaallah lek wes enek duwet gek tak usahakke.
Bapak       : Gek usaha opo to bu.. bu....
Ibu            : Wis, gak usah omong.

Ing sawijineng dinten, ibune Very wes entok duwet.

Ibu            : Ver..Very. Reneo le, tak omongi !
Very         : Ono opo to bu ?
Ibu            : Iki enek kabar apik le. Ibuk iki yo wes entok rejeki, sampeyan sido njalok HP po ogak ?
Very         : Yo jelase to bu, yo sido no.
Ibu            : Lets go... ayo budal.

Ing sawijineng wektu wis teko bakol HP

Bakol        : Sugeng enjing bu, enten sing biso kulo bantu ?
Ibu            : Enten, niki lho mas, anak kulo badhe pados HP nopo enten ?
Bakol        : Niki, wonten kuatah... pilih sing pundi... tinggal pilih !
Very         : Wah... pilih sing endi iki... kok akeh banget piliane... dadi bingung aku... kabeh apik ee...
Ibu            : ( mbisik’i lirih-lirih ) Ojo larang larang ver !
Very         : ( mbales lirih lrih ) Nopo to bu ?
Bakol        : Pripon mas, pilih sing pundi.... tinggal pilih...
Very         : Pilih sing pundi yo... Sing iki mawon e wes... Regane pinten ?
Bakol        : Oh niku... Murah, namung 300 000 ae.
Ibu            : ( mbisik’i lirih lirih ) Ojo sing kui Ver. Larang iku.
Very         : ( Mbales lirih lirih ) Lha kabeh regane ki tingkate yo semene iki lo bu... lha sampeyan nggowone duit piro to bu ?
Ibu            : ( Mbales lirih lirih ) Aku mau nggowonw duit amung 150 000 lo Ver.
Very         : ( Mbales lirih lirih ) Lha sampeyan pripon to bu ? Mosok kadung teko kene ora sido tuku HP !
Ibu            : ( Mbales lirih lirih ) Yo sepurane to Ver, Tak kiro ki rego HP ora sampek semene iki. Ibu yo nyuwun sepuro.. yo Ver !
Very         : ( Mbales lirih lirih ) Yowes ora po po bu... Moro rene sok eneh ae, lek wes nduwe duet.
Ibu            : ( Lirih ) Yowes le.. Sepurane yo...
Very         : ( Lirih ) yowes, ora po po.
Bakol        : Pripon mas, niki... sido nopo mboten ?
Very         : Gak sido e mas..
Bakol        : Ono opo to mas ? HP ne elek ye mas ? niki pilihan yo jek akeh !
Very         : Yo gak ngono mas, aku ki mau rene gor nggowo duwet 150 000. Dadi duwite kurang. Sepurane yo mas. Aku gak sido tuku sek.
Bakol        : Yo wes... ora po po...
Very         : Suwun yo mas...
Bakol        : Oke...
Ibu            : Sepurane yo Ver ?
Very         : Wes to, ora po po.

Akhire Very muleh karo mangkel. Amargo awak e gak sido entok HP.

Sekian dari saya, semoga drama bahasa jawa di atas bisa bermanfaat bagi anda semua. Semoga juga dapat menjadi tuntunan. Akhir kata saya ucapkan terimakasih.

WASSALAMUALAIKUM WR WB

No comments:

Post a Comment